FANFIC NARUTO JAWA :p
BIJU LAN
JINCHUURIKI
[Biju:sosok legenda ing
jero anime naruto sing bentuk’e hewan nanging nduweni kekuatan ngeluwihi
hewan-hewan liyane.
Jinchuuriki:pengendali
Biju(Biju disegel ing jero awak’e Jinchuuriki supaya ora metu ngamuk lan
ngrusak). ]
Ing desa konohagakure lagi ono pertemuan biju lan Jinchuuriki.Ing
pertemuan kui para biju lan jinchuuriki lagi podo jagongan.Sing biju jagongan
karo biju,sing Jinchuuriki jagongan karo Jinchuuriki.
Jagongane para Jinchuuriki:
Naruto: “ayo para kanca
pada perkenalan siji-siji!Gara koe dhisik!”naruto nunjuk Gara.
Gara: “halah dadak
kenalan barang!po koe podo urung ngerti jenengku to?”
Killer Be: “Jane yo
uwes,neng rapopo dienggo patut-patut!”
Gara : “yowes lah nek
ngono,Jenengku Sabaku no Gaara (Gara si pengendali pasir)!”Gara ngenalke
jenenge karo pamer pasir sing diubeng-ubengke neng dhuwur tangane.
Fuu : “Uwihhh…Gara
keren!pasire mubeng-mubeng neng dhuwur tangan”.
Killer Be :
“Aduh..aduh…mripatku klilipan….koe sih Ra dadak dolanan pasir diubeng-ubengke
barang..mripatku loro iki lho!”
Gara : “Lah ket dekmben
mripatmu yo loro nek siji yo malah medeni!”
Killer Be : “sak
karepmulah…trimo meneng karo mbatin aku nek omong karo koe!”
Naruto : “uwes-uwes..sak
iki gilirane Yugito!”
Yugito : “Jenengku
Yugito Nii,kulo saking desa kumogakure!”
Yagura : “Jenengku
Yagura,aku iki yondaime misukage neng deso Kirigakure lan aku sing paling enom
dhewe neng kene!”
Roushi : “Jenengku
Roushi,aku soko desa Iwagakure lan aku sing tuo dhewe neng kene,dadi sedih aku
dadi seng tuo dhewe!”
Naruto : “OOO…koe
Roushi seng sok melu balapan motor kae to?”
Killer Be :
“Goblok…kae Roshi uduk Roushi!mosok
mbah-mbah melu balapan!”kabeh sing podo neng kono pada guyu kabeh krungu
omongane Killer Be.
Han : “Jenengku Han,aku
soko desa Iwagakure!”
Roushi : “koe saka desa
Iwagakure to?podo karo aku no,neng kok akau ra kenal koe yo?.jeneng dowomu
sopo?”
Han :
“Hannnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnn!”
Roushi : “Judek
aku!”Roushi mung ngeplak bathuk’e karo ighstifar.
Utakata : “Jenengku
Utakata aku soko desa Kirigakure!hobiku dolanan plendungan.”
Fuu : “Jenengku Fuu,aku
kunoichi saking desa Takigakure?Mbah Roushi ora takok jeneng dowoku sopo?”
Roushi : “Aku wes
ngerti!”
Fuu : “tenane mbah?opo
rog?”
Roushi : “Fuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuu!”
Fuu : “Yee..wes
mbah-mbah ,sok tau meneh!jeneng dowoku ki Fuuanita udu
Fuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuu!”krungu kui Roushi jedotke bathuk’e neng mejo.
Killer Be : “Jenengku
Killer Be,aku soko desa Kumogakure!”
Han : “Wuihh…jenenge
keren,artine opo kui?”
Killer Be : “Lebah
pembunuh!”
Utakata : “halah lebah
pembunuh,paling gur ngentup trus mlentung ra ngantek mateni,rung tau krungu aku
wong di entup tawon mati”
Naruto : “weh eneng
lho!gene mbahku gur ketiban tawon ning ngisor wit jati langsung mati !”
Utakata : “Teanan ne?”
Naruto: “Ho..o lawong
tawone nibanine sak kan wit’e jati!”
Utakata : “asem’I”
Han :
“uwe-uwes,selanjute sopo?”
Naruto : “Aku”Naruto
ngacungke tangane “jenengku Uzumaki Naruto, aku saka desa Konohagakure!”
Killer Be : “Eh aku
dadi penasaran sing diomongke para biju opo yo?ngrasani awak’e dhewe ora yo?”
Naruto : “Ho..o yo,aku
dadi penasaran ki!”
Nek neng jagongane
jinchuuriki lagi podo perkenalan ,bedo maneh neng gone para Biju.Para Biju lagi podo ngributke
jeneng .
Shukaku : “Matatabi sak
jane jeneng mu sopo to?”
Matatabi : “Nibi No
Nekomata!”
Kurama : “Artine opo
kui?”
Matatabi : “Kucing
setan berbuntut dua,keren to?”
Isobu : “La jinchuuriki
mu sopo?”
Matatabi : “Yugito Ni!”
Isobu : “Seng endi to
wonge ki?”
Matatabi : “seng wedok
kae lho!”
Isobu : “iyo ngerti
wedok,masalahe sing rambute dowo opo rambut cendak?”
Matatabi: “sing
dowo,sing cendak rak jenenge Fuu jinchuurikine si Choumei!”
Gyuuki : “oooo…ngono
to?la jinchuurikine Son Goku sopo?aku kok lali yo!”
Son Goku : “Jinchuuriki
ku jenenge Roushi seng paling tuo dhewe kae lho!”
Kokuo : “kae uwes tuo
lho!kok ora tok kon pensiun dadi jinchuuriki wae?mesakke wes tuo!”
Son Goku : “Tak kandani
kon pensiun wae malah ngeyel og!mbuh kae ki wes tuo neng ngeyel!”
Kurama : “eh ket mau
kok Choumei karo Saiken kok gur meneng wae to,lagi sariawan to?”
Saiken : “ho..o ki aku
pirang-pirang dino sariawan ora gek mari-mari!”
Choumei : “sariawan
to?mbok yo di kei koyok cabe,tak jamen wes,”
Saiken : “Mari?”
Choumei : “Ora!”kabeh
biju podo ngguyu kepingkel-pingkel amarga sarane Choumei ,sariawan kok malah
kon ngei Koyok cabe.
Kurama :
“Goblok…goblok! jenenge sariawan kok malah kon nge’I koyok cabe,ora dike’I balsem sekalian?hhhhh”Kurama ngguyu
kepingkel-pingkel nganti nangis.
Gyuuki : “Eh wes sore
ki!,podo bali ra koe?”
Kurama
: “Weh ho…o ki!ayo bali!”
Shukaku
: “weh la para Jinchuuriki?”
Kurama
: “Halah engko rak yo podo bali dhewe!ngerti dalan’e bali we kok!”
Shukaku
: “Yowes nek ngono!ayo podo bali!”
Para
Biju podo bali,nanging jebulane ing panggonane para Jinchuuriki uwes kosong
amarga para Jinchuuriki wes podo bali dhisik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar