Senin, 09 Mei 2016

FANFIC NARUTO JAWA :p

BIJU LAN JINCHUURIKI

[Biju:sosok legenda ing jero anime naruto sing bentuk’e hewan nanging nduweni kekuatan ngeluwihi hewan-hewan liyane.
Jinchuuriki:pengendali Biju(Biju disegel ing jero awak’e Jinchuuriki supaya ora metu ngamuk lan ngrusak). ]
            Ing desa konohagakure lagi ono pertemuan biju lan Jinchuuriki.Ing pertemuan kui para biju lan jinchuuriki lagi podo jagongan.Sing biju jagongan karo biju,sing Jinchuuriki jagongan karo Jinchuuriki.
Jagongane para Jinchuuriki:
Naruto: “ayo para kanca pada perkenalan siji-siji!Gara koe dhisik!”naruto nunjuk Gara.
Gara: “halah dadak kenalan barang!po koe podo urung ngerti jenengku to?”
Killer Be: “Jane yo uwes,neng rapopo dienggo patut-patut!”
Gara : “yowes lah nek ngono,Jenengku Sabaku no Gaara (Gara si pengendali pasir)!”Gara ngenalke jenenge karo pamer pasir sing diubeng-ubengke neng dhuwur tangane.
Fuu : “Uwihhh…Gara keren!pasire mubeng-mubeng neng dhuwur tangan”.
Killer Be : “Aduh..aduh…mripatku klilipan….koe sih Ra dadak dolanan pasir diubeng-ubengke barang..mripatku loro iki lho!”
Gara : “Lah ket dekmben mripatmu yo loro nek siji yo malah medeni!”
Killer Be : “sak karepmulah…trimo meneng karo mbatin aku nek omong karo koe!”
Naruto : “uwes-uwes..sak iki gilirane Yugito!”
Yugito : “Jenengku Yugito Nii,kulo saking desa kumogakure!”
Yagura : “Jenengku Yagura,aku iki yondaime misukage neng deso Kirigakure lan aku sing paling enom dhewe neng kene!”
Roushi : “Jenengku Roushi,aku soko desa Iwagakure lan aku sing tuo dhewe neng kene,dadi sedih aku dadi seng tuo dhewe!”
Naruto : “OOO…koe Roushi seng sok melu balapan motor kae to?”
Killer Be : “Goblok…kae  Roshi uduk Roushi!mosok mbah-mbah melu balapan!”kabeh sing podo neng kono pada guyu kabeh krungu omongane Killer Be.
Han : “Jenengku Han,aku soko desa Iwagakure!”
Roushi : “koe saka desa Iwagakure to?podo karo aku no,neng kok akau ra kenal koe yo?.jeneng dowomu sopo?”
Han : “Hannnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnnn!”
Roushi : “Judek aku!”Roushi mung ngeplak bathuk’e karo ighstifar.
Utakata : “Jenengku Utakata aku soko desa Kirigakure!hobiku dolanan plendungan.”
Fuu : “Jenengku Fuu,aku kunoichi saking desa Takigakure?Mbah Roushi ora takok jeneng dowoku sopo?”
Roushi : “Aku wes ngerti!”
Fuu : “tenane mbah?opo rog?”
Roushi : “Fuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuu!”
Fuu : “Yee..wes mbah-mbah ,sok tau meneh!jeneng dowoku ki Fuuanita udu Fuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuu!”krungu kui Roushi jedotke bathuk’e neng mejo.
Killer Be : “Jenengku Killer Be,aku soko desa Kumogakure!”
Han : “Wuihh…jenenge keren,artine opo kui?”
Killer Be : “Lebah pembunuh!”
Utakata : “halah lebah pembunuh,paling gur ngentup trus mlentung ra ngantek mateni,rung tau krungu aku wong di entup tawon mati”
Naruto : “weh eneng lho!gene mbahku gur ketiban tawon ning ngisor wit jati langsung mati !”
Utakata : “Teanan ne?”
Naruto: “Ho..o lawong tawone nibanine sak kan wit’e jati!”
Utakata : “asem’I”
Han : “uwe-uwes,selanjute sopo?”
Naruto : “Aku”Naruto ngacungke tangane “jenengku Uzumaki Naruto, aku saka desa Konohagakure!”
Killer Be : “Eh aku dadi penasaran sing diomongke para biju opo yo?ngrasani awak’e dhewe ora yo?”
Naruto : “Ho..o yo,aku dadi penasaran ki!”
Nek neng jagongane jinchuuriki lagi podo perkenalan ,bedo maneh  neng gone para Biju.Para Biju lagi podo ngributke jeneng .
Shukaku : “Matatabi sak jane jeneng mu sopo to?”
Matatabi : “Nibi No Nekomata!”
Kurama : “Artine opo kui?”
Matatabi : “Kucing setan berbuntut dua,keren to?”
Isobu : “La jinchuuriki mu sopo?”
Matatabi : “Yugito Ni!”
Isobu : “Seng endi to wonge ki?”
Matatabi : “seng wedok kae lho!”
Isobu : “iyo ngerti wedok,masalahe sing rambute dowo opo rambut cendak?”
Matatabi: “sing dowo,sing cendak rak jenenge Fuu jinchuurikine si Choumei!”
Gyuuki : “oooo…ngono to?la jinchuurikine Son Goku sopo?aku kok lali yo!”
Son Goku : “Jinchuuriki ku jenenge Roushi seng paling tuo dhewe kae lho!”
Kokuo : “kae uwes tuo lho!kok ora tok kon pensiun dadi jinchuuriki wae?mesakke wes tuo!”
Son Goku : “Tak kandani kon pensiun wae malah ngeyel og!mbuh kae ki wes tuo neng ngeyel!”
Kurama : “eh ket mau kok Choumei karo Saiken kok gur meneng wae to,lagi sariawan to?”
Saiken : “ho..o ki aku pirang-pirang dino sariawan ora gek mari-mari!”
Choumei : “sariawan to?mbok yo di kei koyok cabe,tak jamen wes,”
Saiken : “Mari?”
Choumei : “Ora!”kabeh biju podo ngguyu kepingkel-pingkel amarga sarane Choumei ,sariawan kok malah kon  ngei Koyok cabe.
Kurama : “Goblok…goblok! jenenge sariawan kok malah kon nge’I koyok cabe,ora dike’I  balsem sekalian?hhhhh”Kurama ngguyu kepingkel-pingkel nganti nangis.
Gyuuki : “Eh wes sore ki!,podo bali ra koe?”
Kurama : “Weh ho…o ki!ayo bali!”           
Shukaku : “weh la para Jinchuuriki?”
Kurama : “Halah engko rak yo podo bali dhewe!ngerti dalan’e bali we kok!”
Shukaku : “Yowes nek ngono!ayo podo bali!”
Para Biju podo bali,nanging jebulane ing panggonane para Jinchuuriki uwes kosong amarga para Jinchuuriki wes podo bali dhisik.